Selasa, 09 Desember 2014

Wayang Sandosa

                                                             

                    Wayang Sandosa inggih punika salah satunggiling jinis [[wayang]] ingkang dipun gagas dening para Sarjana ASKI Surakarta (Sakmenika ISI). Mujudaken wayang alternatif kanggé jawab kamajenganing jaman lan narik kawigatènipun generasi mudha supados mudheng lan remen dhumateng kasenian wayang.
Wayang Sandosa bènten pergelaranipun kaliyan [[wayang kulit Purwa]]. Wayang Sandosa mboten mawi Kelir limrah nanging nganggé "Layar Lebar" kados déné layar tancep. Dalangipun kathah lan nyolahaken wayang kanthi cara jumeneng lan mlajeng ngiwa nengen. Ingkang angucap sanès dalangipun nanging swanten tokoh wayang dipun Dubbing déning tiyang-tiyang [[Teater]].

Iringan mawi gamelan kanthi garapan énggal. Déné laminipun pertunjukan ngantos 1,5 jam. Wangun wayangipun mèh sami kaliyan wayang kulit purwa, namung wonten sapérangan ingkang dipun kembangaken, utaminipun bab tatahan langkung prasaja tur wiyar, jalaran dipun alap bayangan utawi wewayanganipun.
Dalang Wayang Sandosa wonten wingking layar déné pamirsa wonten sangajenging layar. Wayang Sandosa mawi tèknik tata lampu sakcekapipun kanggé ngasilaken ayang-ayang ingkang dipun pikajengaken. Wayang Sandosa mawi naskah lan sutradara saha penyusun iringan.
Lakon ingkang sampun dipun péntasaken antawisipun "SUKRASRANA", Arjuna Wiwaha, Duryudana Gugur lan sanesipun. Wayang Sandosa sampun nate derek FFI (Festival Film Indonesia) hing Bandung antawis Tahun 1991. Lan péntas perdhana hing pinten-pinten kitha.
 
Nanging sakmenika mboten namung ISI ingkang ngembangaken, wonten Jakarta ugi dipun kembangaken dening exs mahasiswa ISI ingkang wonten [[Jakarta]] ingkang dipun rintis dening [[Dalang muda]] Nanang Hape. Paraga Dalang antawisipun Sri Rahayu Setyowati, Bambang Asmoro, Kiki Dunung, Irwan Riyadi, Sambowo Agus Heriyanto lan sanesipun, ingkang naté pentas wonten Philipina nalika [[Festiva]]l Wayang ASEAN.